Kumpulan Geguritan KORAN LAWAS_Penulis: Aris Hidayatno



 

Urip mono nurut jantraning wektu sing ora bakal bali. Nanging urip uga manut jantraning wektu sing bisa disawang ing nalika wis kawuri. Mula apa sing dumadi ing ing mangsa kapungkur bisa kanggo pepeling, pepadhang, lan uga piwulang mungguhing pepadhaning manungsa. Lelakon sing wis kepungkur dadi lelagon sing kadhang gawe susah uga gawe bungah. 

Nalika crita lawas didhudhah bisa dadi tamba kangen kayadene koran lawas sing katon ora piguna nanging ora bakal muspra. Nalika lagi dhewekan ing wayah bengi kayadene nutul ati amrih kelingan gusti. Uga nalika isih taruna  bakal krasa abot katiban tresna, nganti luh netes uga jugaring rasa kapang sajroning dhadha. Kabeh iku kayadene mapan ing langit papat, bisa nyawang ndhuwur lan ngisor tanpa pepalang.

Nanging kabeh mau dadi tembung lan tembang sajroning maneka warna ukara binungkus geguritan. Kabeh mau mengku karep kanggo ngrabuk kalbu sing tentrem lan katrem ing donyaning sastra jawa. Wusana sugeng maos kanggo lelipur ati. Sumangga.

Penulis : Aris Hidayatno  ; Editor : Rahmat Purwanto  ; Tata letak : Dwi Yuliari ; Desain sampul : Haris Dwi Prasetyo ; Kertas : Bookpaper 72gram ; Cover : soft cover ; ISBN:---------------- ; Shopee : PENERBIT SATRIA PUBLISHER


Post a Comment

0 Comments